Rabu, 25 November 2015

MC Walimatul Ursy Bahasa Jawa






 Nuwun sagunging kinurmatan katur dumateng poro alim ulama’ ingkang rinten dalu tansah sumandingkitab suci wahyuning Ilahi, minongko panuntun kiblating panembah ingkang satuhu luhuring budi.-

Khususipun dumateng Romo yai Hadi Muhammad Mahfudz ingkang tansah kito tenggo-tenggomenggah punopo ingkang dados atur fatwa utawi mauidzoh ipun.-

Dumateng poro pepunden, poro sesepuh pinisepuh ingkang hanggung mastuti , dumateng peroyaningkautaman ingkang pantes pumundi.-

Dumateng poro pangambaning projo, satrianing nagari minongko dados pandam pandoming porokawulo dasih ingkang kinasih.-

Dumateng poro rawuh ingkang sinubo ing suko basuki
Minangkani purwakaning atur,
Sumonggo tansah kulo Derek aken ngaturaken pujo-pujisyukur wonten ngerso dalem Alloh SWT ingkang moho kuoso ,kerono sih wiloso mewah barokah ingkang rumentah dateng panjenengan sedoyo dalasan kulo, katitik ing kalodangan meniko kito sedoyo saged makempal, manunggal, saperlu nderek-nderek mangestreni wontenipun acoro walimatul urs’wonten ing titi kalodangan meniko kanti widodo rahayu kalis nir sambikolo mboten mange alangan punopo.
Rahayuning widodo
soho tambahing rubo keselametan mugiyo tansah katur kunjuk wonten junjungan kito , Nabi Muhammad SAW . Panjenenganipun salah setunggaling prio agung, mustikaning bawono ingkang dados cundakaning Gusti ingkang akaryo luko kangge amilujengaken poro jalmo ,awitsaking marco podo atumuju syurgo luko,soho salah setunggaling Nabi ingkang mbeto agami ingkang hak,ingkang leres soho ingkang paring syafaat dumateng umat ipun mbenjang ing dinten Qiyamat.Ing pangestu soho pandongo ,mugi-mugi kito sedoyo tansah katetapan dados umat ipun soho pikantuk syafa’at saking beliau. Amiin.
Poro rawuh,
Keparingo kulo matur soho ngempil kamardikan panjenengan rikalonipun sawegsakeco kimawon pangandikan, bilih ing mriki kulo kumowaton ngadek nganyer jumantoko wontenngerso panjenengan sedoyo,mboten ateges ngilangi toto trapsilo,ananging kulo ing ngriki ingkang nampi ayahan sunaroyo dening rekan-rekan kinendereaken menggah runtuting adicoro ingkang lumampahwonten saat puniko. Mboten namung pambagyo sugeng rawuh atas rawuh panjenengan sedoyo, soho hanyekecaaken lenggahipun kalayan nenggo titi adicoro kawiwitan.
Sak dereng ipun adicoro kalampah,langkung prayuginipun kulo waos aken rantaman adicoro ingkang bade lumampah wonten kalodangan meniko.
1Pembukaan
2.Penyampaian materi ngajatne islami
3.Praktek ngajatne islami ( sesuai dengan tugas)
4.Pengumuman pengurus madrasah Al Hikmah melathen
5. DOA
Mekaten kolowahu menggah reraciing adicoro ingkang bade lumampah wonten ing dalu meniko. 
Pramilo sumonggo acoro ingkang ongko setunggal
kito bikak sesarengan kanti washilah suratAl Fatihah mugi-mugi acoro-acoro ingkang badhe kito lampahi mangke mboten wonten setunggalipun alangan punopo-punopo. Amin 3x Yarobbal ‘alamin.
. ...